Download kitab pdf terlengkap AswajaPedia Klik di sini

Dawuh KH. Ubaidillah Faqih, Langitan dalam acara khotmil kitab Shohih Bukhori

KH. Ubaidillah faqih, Abdullah faqih

Yang bisa saya catat dari dawuhnya KH. UBAIDILLAH FAQIH dalam acara Khotmil Kitab Shohih al-Bukhori di Bangil, 02 04 2018:

1. Mboten cukup namung iman, kudu ngamal.

2. Ikhlas niku rumaos antarane nduwe duwek kale ora nduwe duwek sami, antarane waras kale loro sami, antarane sugeh kale melarat sami, tetep ibadah.
الإخلاص الاستواء بين الأمرين

3. Status santri niku mboten wonten ilange, selamanya tetep santri.
ما زلت طالبا

4. Satu-satunya dalan sing dadosaken mulyo niku ilmu, tholabuhu, nasyruhu, ihya-uhu, al-amalu bihi, wa ta'limuhu, supados ilmu tetep wonten ing duwure bumi.
حتى يكون باقيا على وجه الأرض

5. Ilmu niku termasuk ibadah ingkang paling agung.
العلم من أعظم العبادة

6. Mulai turun ayat IQRO' ngantos 23 tahun Kanjeng Nabi niku tetep berstatus sebagai tholibul ilmi, santi sekaligus sebagai al-mu'allim.

7. Lek wes atos atine niku angel (kandanane).

8. Sing garai atine atos niku hubbud dunya, nah sing garai hubbud dunya niku sering nuruti hawa nafsu.

9. Santri kudu gelem marek ten kiaine, mergo santri nek ngadoh saking kiaine niku dadosaken atos atine, nek atos atine angel kandanane. Sak walike, wong awam nek gelem marek kiai saget dados lembut atine saget nompo pitutur.

10.  Ten nadzam Zubad niko:
وشهوة النفس مع الذنوب ** موجبتان قسوة القلوب

11. Sebagai santri kudu gelem ngrekso al-wafa bi ahdis Syuyukh, nuhoni janji maring kiaine.

12. Harapane kiai niku namung setunggal: pingin santri-santrine dados peneruse.
وما يلي المضاف يأتي خلفا ** عنه في الإعراب إذا ما حذفا

13. Ten kitab Mukhtarul Ahadits niko wonten dawuh:
أبى الله أن يرزق عبده المؤمن إلا من حيث لا يحتسب
Gusti Allah moh (mboten kerso) maringaken rizqine dumateng kawulone ingkang mukmin kecuali min haitsu la yahtasib, saking tanpo dinyono-nyono.

14. Urusan bangun pondok, dawune abah (Romo KH. Abdullah Faqih): "ojo jaluk sumbangan sopo wae, nek diparingi yo trimoen."

15. Ta'alluqe santri dumateng kiaine jika semakin kuat akan diberi bisyaroh rupo mimpi kepangge Kanjeng Nabi ala shuroti syaikhihi.

16. Santri niku mboten usah bingung urusan ndunyo (ma-isyah), mergo almudabbir huwa Allah, ingkang ngurusi sedoyo niku Gusti Allah.

17. Senajan sugih, uripe gawien melarat.

18. Sanad saking guru niku penting, gurune wong-wong liberal niku genderuwo, ora jelas, ngajine liwat internet.

19. Kiai nek dereng katah maos sholawat niku mboten keramat.

20. Urusan mados yotro kale mados garwo (kangge sing jomblo) niku sing katah maos istighfar.

Di tulis ulang di Bambu Apung Kafe Resto Pasuruan
M Anwar Muhammad
03 04 2018

Post a Comment

Cookie Consent
We serve cookies on this site to analyze traffic, remember your preferences, and optimize your experience.
Oops!
It seems there is something wrong with your internet connection. Please connect to the internet and start browsing again.
AdBlock Detected!
We have detected that you are using adblocking plugin in your browser.
The revenue we earn by the advertisements is used to manage this website, we request you to whitelist our website in your adblocking plugin.
Site is Blocked
Sorry! This site is not available in your country.